Tuesday, May 19, 2009

....panjenengan....

Ing weninging ati,
Sepining wengi,
Aku kelingan sliramu,
Sing wis suwe takantu-antu.

Keprungu swaramu,
Kelingan esemmu,
Kepara kabeh rinasa semu,
Amarga atiku dudu duwekmu.

Kangmas,
Ing jroning atiku,
Tansah ana sliramu,
Ora-oraa kewates wektu.

Lan asmamu,
Tansah keprungu ing kupingku.

Nanging uripku,
Dudu duwekmu.


Salatiga, 18 Mei 2009

No comments: